Rabu, 18 Februari 2015

Naskah Pidato bahasa jawa tentang Green and Clean


Assalammu’alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kulo bekteni
Bapak Ibu guru ingkang dhahat kanurmatan
Dumateng Ibu Ramini kalian Bapak Misnan, selaku guru Basa Jawi. Ingkang satuhu kinabeteni sedoyo konco kelas 9 ingkang tansah kula tresnani.
Tepangekaken nami kulo Maufuroh Niama murid kelas 9E. wonten akhir tahun pembelajaran puniko kulo badhe ngaturaken pidato kanthi irah – irahan “ Banyuwangi Green and Clean “.
Para rawuh ingkang minulyo,
          Ingkang dipunwastani “ Green “ inggih punika “Ijo”. Tembung ijo punika artosipun mboten mung salah sijining werno, nanging wonten hubungane kalian seger, nyaman, lan lingkungan kang sehat. Ting pundhi-pundhi thukul wit-witan, woh-wohan, lan suket. Wit ageng – ageng kinoto rapi wonten tengwn lan kiwane trotoar dalan.
          Mboten tebih saking pangertosan babagan “ Green “, “Clean” wonten mriki dipunwastani resik, tebih saking polusi, lan mboten wonten sampah ingkang sumebar. Menika boten macet wonten sakdawane dalan.
Para rawuh ingkang kulo tresnani,
          Kangge ngawujudaken Banyuwangi ingkang ijo lan resik, Bapak Bupati ndamel program ingkang kasebut “ Banyuwangi Green and Clean “
          Program menika dipundamel kanthi tujuan kutha Banyuwangi swaget dados kutha ingkang asri, nyaman, lan bebas polusi.
          Puniko wau urun kulo, mugi-mugi saget maringi manfaat dateng kito sedoyo. Mbokbilih wonten kalepatan, kulo nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar